tolong bantu terjemahin aksara jawa ini ke latin pls buat tugas besok

Jawaban:
Ngartekake Aksara Jawa;
- Pak Wahyu Pringganata ngendika kurang luwih sak jam ngantharake kepriye cara olah tatanen supaya bisa nuwuhake asil kang apikutamane nandur pari.
Penjelasan:
Tembung sing digaris ngisori iku, kalebu tembung sing nganggo Aksara Murda.
Aksara Murda; yaiku minangka aksara sesirah utawa aksara gedhe (huruf kapital), sing kagunaane kanggo nulis jeneng uwong, sasi/wulan, papan panggonan, istilah.
Cacahe Aksara Mirda ana 8, yaiku⤵️
- Na ꦟ, Ka ꦑ, Ta ꦡ, Sa ꦯ
- Pa ꦦ, Nya ꦘ, Ga ꦓ, Ba ꦨ
Paugerane Nulis Aksara Murda⤵️
- Aksarane ditulis nang ngarep tembung.
- Manawa ngarep ora ana mirda, banjur ditulis ing mburi.
- Saben sak tembung ditulis siji wae.
- Aksarane bisa diwenehi sandhangan.
- Ora kena dipunpangku.